Ass. Wr. Wb.
Nuwun, keparenga kula matur dhumateng para sesepuh, pinesepuh, saha para rawuh sedaya ing sami kaaturan pinarak wonten ing dalemipun…. Ngriki, pramila panjengan sadaya karawuhaken saperlu dipun suwun sawab pandonga wilujengipun, wonten ing dinten pitu pekenan gangsal, wuku tigang dasa sasi kalih welas, windu sekawan, kaleres dinten (jum’at legi)
Bpk ..(wasis gondrong)..sekaliyan ngedalaken sodakoh arupi sarining bumi, saperlu njodhohkaken ibu bumi bapa angkasa, kanjeng Nabi Adam –Ibu khawa, bumi ingkang dipun trepi Bpk ..(wasis gondrong).sealiyan, pramila dipun shodakohi mugi-mugi kajat niyatipun bapak..(wasis gondrong)…sekaliyan. Anggenipun badhe ngijabaken putranipun ingkang asma..(Sri Wilujeng)…. Dipun ijabahi saha dipun kabulaken dening Gusti Ingkang Maha kuwaos, kula aturi nambahi pandonga wilujengipun para rawuh ingkang kaaturan pinarak ngriki sadaya.
Ingkang saturan malih Bpk ..(wasis gondrong).... ngawontenaken shodakoh arupi, ambengan jangkep salawuhipun, saperlu nyodakohi dhumateng para Nabi, para wali, shokabatipun: Abu bakar, Umar, Usman, Ali saha Khasan-khusen, pramila dipun shodakohi mugi-mugi panyuwunipun Bpk ..(wasis gondrong) sekaliyan Anggenipun badhe ngijabaken putranipun ingkang asma..(Sri Wilujeng)… dipun ijabahi dening Gusti Allah ingkang Maha Kuwaos, kula aturi nambahi pandonga pangestu wilujengipun para rawuh ingkang pinarak ngriki sadaya.
Saaturan malih Bpk ..(wasis gondrong).. ngawontenaken shodakoh arupi rakitan ambengan punika, saperlu nyodakohi cikap bakal, akal bakal banjar perkarangan ngriki, pramila dipun shodakohi mugi-mugi anggenipun ngijabaken putranipun …. Dipun kabulaken dening Gusti Ingkang maha kuwaos, kula aturi nambahi pandonga pangestu wilujengipun para rawuh ingkang pinarak ngriki sadaya.
Ingkang saaturan malih Bpk ..(wasis gondrong) sekaliyan, Ngedalaken shodakoh arupi ambengan punika saperlu nyodakohi para leluhuripun Bpk ..(wasis gondrong) .sekaliyan, leluhur ingkang tebih, leluhur ingkang celak, leluhur ing sepuh, ingkang anem, leluhur ingkang kerimatan, mboten kerimatan, pramila dipun shodakohi mugi-mugi panyuwnipun Bpk ..(wasis gondrong) sekaliyan, angijabaken putranipun dipun ijabahi dening Gusti Allah ingkang Maha Kuwaos, kula aturi nambahi pandonga pangestu wilujengipun para rawuh ingkang kaaturan pinarak ngriki sadaya.
Ingkang saaturan malih Bpk ..(wasis gondrong) sekaliyan, ngawontenaken shodakoh arupi pala kependhem saperlu nyodakohi naga dina, naga sasi, naga tahun, jati ngarang, pramila sedaya dipun shodakohi mugi-mugi panyuwnipun Bpk ..(Haryono) sekaliyan, anggenipun badhe angijabaken putranipun dipun ijabahi dening Gusti Allah ingkang Maha Kuwaos, kula aturi nambahi pandonga pangestu wilujengipun para rawuh ingkang kaaturan pinarak ngriki sadaya.
Ingkang saaturan malih Bpk ..(wasis gondrong) sekaliyan, ngawontenaken shodakoh arupi sega golong pitu cacahipun, saperlu nyodakohi anggenipun badhe ngempalaken saha anggolongaken sanak kadhangipun, para kerabatipun, para pepundhenipun, ingkang sepuh, ingkang anem, ingkang celak, ingkang tebih. Pramila sedaya dipun shodakohi mugi-mugi panyuwnipun . Bpk ..(wasis gondrong) sekaliyan, dipun ijabahi dening Gusti Allah ingkang Maha Kuwaos, tinebahaken saking balak, balak donya akhirat, kula aturi nambahi pandonga pangestu wilujengipun para rawuh ingkang kaaturan pinarak ngriki sadaya.
Ingkang saaturan malih Bpk ..(wasis gondrong) sekaliyan, ngawontenaken shodakoh arupi sekar setaman saperlu nyiram tuwuh nyambung tuwuh, tuwuhipun Bpk ..(wasis gondrong) sekaliyan, Dhumateng putranipun pramila dipun siram tuwuh dipun sambung tuwuh, mugi-mugi panyuwnipun Bpk ..(wasis gondrong) sekaliyan anggenipun angijabaken putranipun tansah pinaringan rahayu wilujengipun saha Kinabulan dening Gusti ingkang Maha Agung, kula aturi nambahi pandonga pangestu wilujengipun para rawuh ingkang kaaturan pinarak ngriki sadaya
Saaturan malih Bpk ..(wasis gondrong) sekaliyan, ngawontenaken shodakoh arupi jenang pethak, jenang abrit, saperlu ngawuningani roh kekalih, ingkang pethak saking bapa, ingkang abrit saking biyung, Pramila sedaya dipun shodakohi mugi-mugi panyuwunipun Bpk ..(wasis gondrong) sekaliyan, dipun ijabahi dening Gusti Allah ingkang Maha Kuwaos, kula aturi nambahi pandonga pangestu wilujengipun para rawuh ingkang kaaturan pinarak ngriki sadaya.
Ingkang saaturan malih Bpk ..(wasis gondrong) sekaliyan, ngedalaken shodakoh arupi jenang sengkala saperlu nyodakohi beka kalanipun Bpk ..(wasis gondrong) sekaliyan, beka kalanipun sakanca rencang, sakrajadarbekipun, samobah polahipun, Pramila sedaya dipun shodakohi mugi-mugi panyuwunipun Bpk ..(wasis gondrong) sekaliyan, dipun ijabahi, saha kala ingkang sampun dhumawah linebur dening Allah, kala ingkang dereng dhumawah cinegah dening Allah, andadosna kawilujengipunan, mugi-mugi kinabulaken dening Gusti Ingkang Maha kuwaos, tinambahan pandonga pangestu wilujengipunipun para rawuh ingkang kaaturan pinarak ngriki sadaya.
Ingkang saaturan malih rakitan pisang ayu, saperlu nyodakohi nuripun Bpk ..(wasis gondrong) sekaliyan, mugi-mugi anggenipun pados rejeki, sandhang pangan, siang dalu, tansah pinaringan gangsar, lancar kangge nyekapi gesangipun, saha kulawarganipun, dipun ijabahi Gusti ingkang Maha Asih, kula aturi nambahi pandonga pangestu wilujengipun para rawuh ingkang kaaturan pinarak ngriki sadaya
Wos-wosing kajatan punika Bpk ..(wasis gondrong) sekaliyan, badhe ngijabaken putranipun, mugi-mugi Gusti ingkang murbeng dumadi tansah ngayomi, saha ngabulaken panyuwunipun tanpa wonten rubeda satunggal punapa.
Amin-amin-amin ya robal alammin.
Wasana cekap samanten anggen kula ngikroraken khajat niyatipun Bpk ..(wasis gondrong) sekaliyan, bilih wonten kirang prayogi anggen kula matur, kirang teteh saha kirang wantah, kula namung saget nyuwun agunging pangaksami.
Akhirul kalam, wabilahi taufik. Wss. Wr. Wb.
Komentar